Senin, 21 November 2011

Tak lelo ledung bag.2


Tak lelo lelo lelo ledung
Cup menenga aja pijer nangis
Anakku sing bagus rupane
Yen nangis ndak ilang baguse

Tak gadang bisa urip mulyo
Dadiyo prio  utomo
Ngluhurke asmane wong tuwa
Dadiyo pandekaring bangsa

Ibu
ingkang putra badhe nyuwun pangestu
tansah lancar anggen kulo nuntut ilmu
supados kulo saget migunani
marang nuso bongso tumrapipun agami
ing pandunga
ugi restu
tan ono sambikolo
kang sumanding njroning rogo
lan upoyo tumraping gusti ingkang moho kuwoso


pandungane ibuku iku sipat kandel uripku
gegamane uripku
jroning sanubariku
tetes sing kang waspomu
tondo tulus atimu
ingkang tansah lumintu
marang kanugrahan kang satuhu marang putramu
Wis cup menenga anakku
Kae mbulane ndadari
Kaya butho nggegilani
Lagi nggoleki cah nangis

naliko mbiyen 9 sasi nang garbane
ibu tansah sabar
nadyan ra penak rasane
sa jroning rasa ibu tresno mring putrane
mbesuk yen lahir aja nganti nglaleake
marang kang ibu kang wus nggulowentah
wiwit seko bayi nganti gedhe jumangkah
mulo ngati2 ojo podo mbantah
yen ibu nganti duka uripmu bakale susah
sopo kang wani mblenjani dawuhe ibu
opo maneh wani ngaleake kang ibu
bakal nompo dosa sajroning uripmu
kena murkane gusti  wujud bebendu
ibarat jambu jenenge jambu mete
sirahe ono ngisor sikili nang nduwure
mulo do mangertio
ibu kuwi swargo
kang biso mujudake uripmu nang ngalam dunyo
Tak lelo lelo lelo ledung
Enggal menenga ya cah bagus
Tak emban slendang batik kawung
Yen nangis mundak ibu bingung

3 komentar: